JAGATE
LELEMBUT SAKJRONING KITAB
Pujiono,
S.Si.MM
Sakjroning kitab Al-quran kaserat bilih percaya bab
kang ghoib kalebu perangane tanda tanda iman marang Allah. Kalebu percaya anane
makhluk ghoib. Al-Baqarah ayat 3 kang
tegese “ yaiku wong kang percaya marang
bab ghoib lan ngedhekake shalat lan gelem infak saka banda sing diduweni “,
nanging ing kene manungsa ara dikeparengake wedi utawa malah nyembah marang sing jenenge makhluk ghoib.
Makhluk ghoib makhluk kang dititahake Allah tanpa wujud
jasad, ara katon mata jinise kaperang ana: Malaikat, Jin lan Iblis. Allah nitahke sakabehing makhluk kuwi
mau namung supaya padha menembah marang piyambake (Ad-dyariyat 56). Malaikat
kang kacipta saka cahya (nur) duweni ciri
kataatan ibadah kang linuwih marang Allah ara ana kang duraka, Surat At-Tahrim
ayat 6: Lan Deweke
(malaikat) ara ana kang ingkar marang Allah lan maligi mbangun miturut
sing diperintahke Allah”. Nanging
sing jenenge Iblis mbadal saka perintahe Allah ara gelem manut kepara
bakal nggada marang manungsa. Surah al-Kahfi ayat 50: “ Allah paring
dawuh marang malaikat, padha sujudto kowe marang Adam. mula kabeh padha sujud
kajaba Iblis. Deweke saka bangsane jin, mula deweke duraka marang Allah” mula
sakabehing sifat durjana, duraka saka jin utawa manungsa iku diarani Syetan. Kenapa Iblis ara gelem sujud
kurmad marang Nabi Adam jalaran rumangsa deweke makhluk kang luwih becik asale
tinimbang Nabi Adam Surat al-A'raf ayat 12: Jin jawab, Aku luwih becik saka deweke(adam), aku asale saka geni lan
adam kadadean saka lemah”
Wondene jinise
Jin ana sing duweni pakarti becik lan iman marang Allah, nanging ana sing duweni
pakarti ala lan ara iman marang Allah. Surat
al-Jinn ayat 11: lan saktemene saka
golongaku (jin) ana sing sholeh lan ana sing ara sholeh. Mula golanganku(jin)
padha mlaku kanthi dalan kang beda
Kang iman marang Allah uga ngleksanake ibadah
kaya manungsa. Dene kang ora duwe iman
uga mbadal lan duweni pakarti ala. Mula manungsa utawa jin kang nyipati ala iku
sakbanjure kang diarani syetan. Yaiku syetan kang babone saka Iblis. Mula
syetan iku bisa saka manungsa lan bisa saka Jin. Syetan kang duweni pakarti ala
tugase nggadha marang manungsa supaya padha tumindhak duraka marang Allah kang
maha kuasa. Ana sakjroning quran
di ngendhikake “Surah Faatir ayat 6:” saktemene syetan iku musuhmu, mula anggeppen musuh karana saktemene
syetan iku ngajak kanca supaya kowe mlebu neraka kang genine mbulat-mbulat”
Kajaba
iku ana ing Surah an-Nur ayat 21
uga dijelaske kang tegese:
Hai wong kang padha iman, aja padha melu tumindhake
syetan. Sing sapa melu tumindhae syetan saktemene syetan iku ngajak marang
tumindhak nistha lan mungkar
Nah, magepokan kara
jenenge lelembut, karana angepan
masyarakat mesthi kuwi nyipati kang ara becik mula ana ing tulisan iki malaikat
ara kalebokake lelembut. Jalaran
Malaikat ara ana kang nyipati ala. Sakbanjure sing jenenge maklhuk alus lelembut
iku mesthi saka jin lan iblis utawa
syetan. Bangsane jin, iblis utawa syetan uga kaya manungsa duweni panggonan,
pasangan urip, anak lan pakarti kaya manungsa uga. iblis utawa syetan duweni
drajat kang luwih asor tinimbang jin, sebab iblis utawa bangsane syetan urip
namung kanggo nggadha manungso. Lan sing jenengene makhluk alus (jin) uga
duweni roh jalaran uga bakal ngadepi mati utawa duweni batesan umur. Nanging
keturunan iblis (syetan) wae kang matine bareng kara pupute jaman (kiamat) Surah
al-Hijr ayat 37 & 38:
Allah paring pangandhika saktemene kowe kuwi saka
golongan kang diwenehi wektu dhowo, nganti wektu kang ditentokake (dina
kiamat).
Karana ujude kang
ara katon, sing jenenge makhluk alus (jin,iblis utawa syetan|) luwih gampang
meruhi lan nggadha manungsa Surah al-A'raaf ayat 27 Allah kang tegese:
Hai anak Adam,aja pisan-pisan kowe kapusan syetan kaya dene syetan
wis ngethokake Adam lan Hawa saka
syurga. Saktemene syetan lan andahane bisa ngeske kowe saka pangganane lan kowe
ara mangerteni. Saktemene Allah wis ndadekake syetan iku pemimpin kanggo wong
kang ara duwe iman.
Bangsane makhluk alus
bisa maujud utawa memba-memba arupa apa wae jumbuh kara sing di karepe kanthi
idi palilahe Allah. Nanging deweke ara bisa memba utawa madani Nabi Muhammad
SAW, Lan bisa mlebu metu saka ngendhi wae tanpa ana wates tembok utawa apa wae.
Rasulullah bersabda: Saktemene syetan iku anggone nggadha kanthi mlebu
sakjroning getih manungsa, lan aku kuatir syetan bakal ndeleh samu barang kang
ala ing sakjroning ati manungsa
Lan menawa ana ing surat An-nas ayat 4-6 uga dijlentrehake kang
tegese ” saka panggodane syetan kang ara katon, sing mlebu sakjroning dada
manungsa, saka golongane jin lan menungsa.
Nanging Allah uga menehi pitedah kara manungsa. Karana alame kang beda
sakjane jin lan syetan ara bisa apa-apa kara manungsa. Luwih-luwih marang manungsa
kang duweni iman, taqwa lan ikhlas (Shad :83). Mula tumrape manungsa kang duwe
keyakinan sejatine kudu yakin ara bakal bisa kagadha marang syetan jalaran
Allah paring ngendhika ana ing An-Nahl 99-100 kang tegese “ sakteme syetan kuwi ara duweni kuwasa marang
wong kang iman lan taqwa marang Allah, lan syetan kuwi hamung kuasa marang wong
kang ndadekake deweke (syetan) pangeran”
Ayat ing duwur cetha ngegla manungsa kang iman ara kena
duweni sifat wedi jalaran kara bangsane jin lan syetan. Sebab sing jenenge
syetan namung bisa ngganggu utawa kuwasa marang wong kang ara duweni iman utawa
kepara ndadekake syetan sesembahan. Mula gaman kitha kangga musuhi syetan yaiku
tangsah nambah rasa keimanan marang gusti Allah kang maha kuasa. Jalaran wis
dadi kodrate Allah nyiptaake jin, iblis utawa syetan iku kajaba kangga nuduhake
keagungan Allah, uga kangga nguji manungsa supaya tetep waspadha.Manungsa kang
duweni iman lan taqwa ara bakal gampang kagodha marang pakarti-pakartine
syetan. Muga muga kita kagolangke ewone manungsa kang iman lan taqwa sahingga
ara bakal kena panggadhane jin lan syetan.Amin
.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar