Minggu, 10 Februari 2013

Pidato JAwa Perpisahan Sekolah


conto
 
PIDATO JAWA PERPISAHAN SEKOLAH


Ass.Wr.Wb.
Nuwun, wilujeng siyang kagem sedayanipun,  ingkang rawuh wonten pawiyatan punika. Mugi kasugengan, karaharjan tumanduk dhateng kita sedaya.
Pangarsa  Dinas pendidikan Kota Surakarta kalian tamu undangan,
Pangarsa Sekolah ….. soho  Ketua Komite ….
Pakurmatan ugi Katur Bapa tuwin Ibu, ustad-ustazah Sedoyo….
Pakurmatan ugi katur dhumateng sedaya bapa-ibu tiyang sepuh, wali siswa ……….
Ugi sedaya sedherek kelas …….. ingkang kula tresnani.
Minangka titahing Allah SWT Ingkang Maha Gesang, sumangga panjenengan sedaya kula dherekakken muji syukur dhateng Allah SWT ingkang sampun paring rahmad, kanugrahan, taufiq sarta hidayah, pramila kita sedaya saged makempal wonten aula punika,  saperlu mahargya akhirussanah kelas ………..angkatan ……..  siswa siswi Sekolah Dasar ………………………
Saderengipun kula nyadhong pangaksama ingkang kathah, awit kula sampun kumawantun nyela atur kamardikan panjenengan, awrat ngemban dhawuhipun kanca-kanca kelas ……… ingkang bade atur pamit.
Mboten kraos kula sak kanca sampun enem warsa dangunipun,  anggen kula sami ngangsu kawruh, sinau ing pawiyatan punika. Ateges anggen kula sinau sak punika sampun rampung. Alhamdulillah sedanten saged lulus kanthi sae.  Manawi nuruti pangraos, kula sak kanca taksih krasan lan remen dipunwucal ustad-ustazah. Ananging,  pinangka nerusaken langkah ingkang linuwih, kangge nggayuh cita-cita, purun mboten purun kula kedhah murnani.
Kula sak kanca ngaturaken agunging panuwun ingkang  tanpa pepindhan dhateng ustad-ustazah ingkang sampun paring piwucal, tuntunan, pitutur, kanthi sabar lan tlatos. Kula among saged matur “Jazzakumullah khoiron katsiro”. Mugi-mugi kawruh lan kasaenan punika dadosa amal shaleh, pikantuk piwales saking Allah SWT. Dene kula sak kanca naming saged memuji, mugi-mugi ustad-Ustazah pinayungan kawilujengan, karahayon, bagas waras, kaliyan lancar rejekinipun.
Kula sak kanca ugi ngrumaosi salebeting sinau ing pawiyatan mriki kathah tindak tanduk kula ingkang mboten mranani ing penggalih, andhadhosaken kalepatan dhumateng ustad-ustazah.
Wonten kesempatan punika kula sak kanca nyuwun agunging pangapunten. Kanti rena ing penggalih,  kula  ugi nyuwun donga pangestu anggen kula bade nerusaken lampah, mugi-mugi diparingi gampil anggen kula nglanjutaken sekolah ngantos saged  anggayuh cita-cita .
Kangge adhik-adhik kelas, mugi-mugi saged langkung damel pawiyatan ………………………………… menika langkung sae. Kanthi sregep sinau lan nurut dhumatheng pitutur ustad-ustazah.
Mekaten atur kula, mbok bilih woten kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangaksami.
Mugi rahayua ingkang sami pinanggih, widada kalis ing rubeda.
Akhirul kalam. WassWrWb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar